Bagi masyarakat jawa, praktek berpidato dan membawakan acara dengan bahasa jawa masih sering digunakan dalam banyak acara. Apalagi masyarakat yang tinggal di sekitaran daerah Jawa Timuran atau atau juga daerah sekitaran keratonan yang masih kental dengan adat istiadat. Termasuk adat pernikahan sendiri, banyak daerah yang masih diikuti, dikembangkan atau bahkan dipertahankan.
Nah,sebuah acara pernikahan tentunya agar berjalan dengan baik dan lancar memerlukan pemandu acara. Karena acara pernikahannya menggunakan adat Jawa maka diperlukan juga pemandu acara atau MC yang bisa menggunakan Bahasa Jawa pula. Maka di kesempatan kali ini penulis memberikan Contoh Teks Pranatacara, agar bisa digunakan sebagai panduan atau untuk latihan menjadi MC Bahasa Jawa / Pranatacara khususnya di acara pernikahan.
baca juga:
Penggunaan Contoh Teks Pranatacara Terbaru ini bukan harga mati atau mutlak, melainkan bisa dikembangkan, ditambah maupun dikurangi sesuai keadaan pada acara yang akan berlangsung.
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
أعوذ بالله من الشيطان الرجيم بسم الله الرحمن الرحيم. الحمد لله الذى قال في كتابه الكريم وجعل منها زوجها لتسكنوا إليها. الاية. أشهد أن لاإله إلاالله الواحد المعبود وأشهد أن سيدنا محمدا عبده ورسوله اللهم صل وسلم على سيدنا ومولانا محمد وعلى اله وصحبه الطييبين ومن تبعهم. اما بعد.
Ingkang Tansah kulo ta’dhimi poro alim ulama, poro kyai, poro ibu nyai.
Wabil khusus wonten ngersanipin Bpk. KH Syamsudin ingkang tansah kito tenggo-tenggo menggah punopo ingkang dados atur fatwanipun antawis mauidhoh hasanahipun.
Dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang tansah kulo mulyaaken
Dumateng poro rawoh ingkah tansah sinebo ing suko basuki
Sepindah, sumonggo kito ngunjukaken pujo lan puji syukur dumateng ngerso dalem Alloh SWT. Ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dateng kito sedoyo, khususipun arupi nikmat Iman lan Islam, sehinggo kito saget makempal wonten meniko majlis saperlu acoro walimatul ursy kanthi wilujeng mboten wonten alangan setunggal punopo kemawon.
Sholatuhu Wasalamuhu mugio tansah katur kunjuk Dumateng Junjungan Kito Nabi Agung Muhammad SAW. بقولنا اللهم صل وسلم وبارك عليه
Kanthi waosan sholawat meniko, mugio kito angsal syafaatul udhma mbenjang wonten yaumul qiamat. Amin.
Poro hadirin ingkang kinurmatan..
Wonten mriki kulo ingkang kajibah aminangkani muqossimul auqot badhe ngaturaken reraciing acoro angkeng badhe lumampah ing sak wekdal meniko.
- Adicoro ingkang sepindah pembikaan.
- Kaping kalehipon waosan ayat suci Al-Qur’an.
- Adicoro kaping tigo atur pasrah calon penganten
- Prosesi akad nikah
- Adicoro ingkang kaping gangsal nun inggih mauidhoh hasanah ingkang badhe dipun medal sabdo panjenenganipun KH. Syamsudin
- Adicoro pamungkas do’a penutup
Mekaten kolo wau reraci’ing adicoro ingkang badhe lumampah. Wondene pembikaan meniko kulo suwunaken dumateng panjenenganipun KH. Ahmad Masturi, wekdal lan panggenan kulo sumanggaaken….
Matur sembah nuwun kulo aturaken, mugiyo kanti waosan surat Al-Fatihah kolo wau, saget andadosaken acoro meniko lancer, wilujeng ngantos paripurno.
Lumampah adicoro selajengipun nun inggeh waosan ayat suci Al-Qur’an ingkang badhe kasalirani panjenenganipun Ust. Abdurrohman dumateng penjenenganipun kanthi sedoyo pakurmatan kasumangaaken…
صدق الله العظيم وصدق رسول له الكريم ونحن إن شاء الله على ذلك من الشا هدين.
Mugi-mugi waosan suci kolowau saget paring manfaat dumateng kito sedoyo, dadusaken tambahipun iman lan taqwa kito, amin-amin ya robbal ‘alamin.
Lumampah adicoro ingkang kaping tigo nung inggih atur pasrah calon penganten, dumateng Bapak Zainal Mufid dipun sumanggaaken…. Matur nuwun kulo aturaken.
Adicoro selajengipun atur panampi penganten ingkang badhe dipun selirani dening bpk Izzudin Dumateng panjenenganipun kasumanngaaken…
Adicoro ingkang kaping sekawan nun inggih prosesi akad nikah, wondene saat meniko badhe kapimpin dening Bapak penghulu, dumateng panjenenganipun bapak penghulu kanthi sedoyo pakurmatan kulo sumanngaaken……. Mekaten prosesi aqad nikah ingkang sampun kalampah, mugi-mugi andadosaken keluarga sakinah mawaddah warohmah dating penganten kekalih amin.
Runtutin adicoro ingkang ongko gangsal nun inggih mauidhoh hasanah, ingkang badhe dipun medal sabdo dening panjenenganipun Al-Mukarrom Bpk. KH. Syamsudin. Duamtenf panjenenganipun wekdal miwah paseban kulo sumanggaken…… Mekaten soho semanten mauidhoh hasanah mugi-mugi manfaati dumateng kito sedoyo amin. Dumateng Panjenenganipun KH. Syamsudin kulo aturaken agunging panuwon.
Poro Bapak, poro ibu, hadhirin ingkang kinurmatan. Adicoro ingkang pamungkas nun inggih do’a penutup ingkang badhe dipun selirani panjenenganipun Romo KH. Abdul Riuf.
Ananging sakderengipun, kulo minangkani pranoto acoro wiwit awal ngantos akhir mestio katah kalepatan lan kekiranagan, kirang trapsilanning tembung lan tingkah, kulo nyuwun agungin sih samudro pangeksami.
او صيكم ونفسي بتقوالله والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته